30 January 2014

Narablog, saiki aku arep nyoba posting nggawe boso jowo. Opo’o kok moro-moro aku pingin posting nggawe boso jowo? Soale Narablog, nek ta rasa-rasano, aku wis biasa posting nggawe bahasa nasional tercinta ambek ta selipi bahasa inggris, kadang aku yo nulis status nggawe bahasa inggris, lha terus boso jowoku yo opo? Kapan aku nggawene? Wong nang kantor aku yo jarang nggawe boso jowo. Lak suwi suwi, aku termasuk wong sing iso Bahasa Inggris aktif, boso jowo pasif. Yo emoh aku. Nek iso yo kudu seimbang.

Lha boso jowo kok campuran bahasa Indonesia ngene lho, Nis? Iyo rek, iki bahasa sing ta gawe pas keseharianku. Boso jowo suroboyoan. Boso ngoko, duduk kromo inggil. Kromo inggil angel rek, sumpah. Lha iki mau sing ta omong boso jowo pasif. Kadang nek ono wong ngomong kromo inggil, aku ngerti maksudte, tapi aku gak ngerti yo opo cara nyaurine. Akhire aku nyauri nggawe bahasa Indonesia. Wis a? Gak boso jowo pasif ta iku jenenge? Parah tow?

Lha terus nek ono pembaca blog sing duduk wong jowo terus gak iso boso jowo sisan, yo opo? Hehe, yo takono koncomu sing iso boso jowo, rek. Nek gak ono sing iso, nggih pun. Sepurane sing akeh, lha aku lagi pingin posting jowoan e.

Oke lanjut. Saiki aku arep mbahas soal senenge duwe mas utowo mbak. Tapi soale aku duwene mas lanang, dadi iso e crito enak e duwe mas.

Narablog sing durung ngerti masku, iki lho fotoe masku.

Ngganteng tow? Tapi wis nikah arek e, anak e siji, lucu sisan. Masku iki jenenge Ronggo Alit. Ojo takon artine opo, soale aku yo gak ngerti. Umure masku iki 29 taun, mek kacek 4 taun ambek aku.

Lha terus opo se enak e duwe mas koyo masku?
  1. Masku iku senengane musik pas sekolah biyen. Iso nyekel sembarange alat musik. Yo gitar, yo bass, yo drum, opo maneh nyanyi, lhooooo masku iki suarane apik tenan. Merdu. Terus untunge gawe aku opo? Masio aku gak iso kabeh alat musik lan gak mahir, paling nggak aku iso main gitar. Paling nggak aku iso main lagu sing nggawe kunci dasar. Nek gak mergo masku, aku gak bakalan iso.
  2. Aku dadi ngerti endi velg ban sing apik ambek nggak. Lampu mobil sing cocok ambek nggak. Soale masku iku senengane ambek mobil. Dadi saiki aku iso ngerti sing endi velg racing opo duduk, ban mobil iki kiro-kiro nggawe ring nomer piro, lan liya liyane. Nek gak ono masku, sampe saiki aku paling yo gak ngerti.
  3. Aku iso duwe ojek langganan. Gak perlu duwe pacar rek nek duwe mas lanang. Nang endi-endi iso njaluk diterno ambek mas. Tapi pas biyen durung nikah, nek saiki yo aku nang endi-endi budal dewe. Kesepian aku ngene iki. Nek biyen, dikongkon ibu tumbas opo ae, pasti ngajak masku. Aku tau lho nang mall ambek masku. Sangar yooo…
  4. Lumayan entuk lungsuran. Lungsuran iku opo? lungsuran iku barang sing wis gak digawe masku, iso ta gawe. Yo ancen kudu nyilikno dan gak kabeh, tapi lumayan. Lha wong masku iku wong sing senengane tuku barang apik ber-merk. Nah seringe barang e wis gak cukup, tapi jek apik. Dadi mlayune pasti nang aku. Conto e, helm. Aku paling tuku helm iku ping pisan tok, regoe murah sisan, iku pun ambek masku tukune, soale masku nek milih barang mesti apik. Nah helme masku iku larang-larang. KYT, INK, lan liya-liyane. Dadi timbang helm akeh nganggur, dadi sering ta gawe. “Mas, helmmu ta gawe yo?”, masku njawab ” Iyo gaween, Dek. Ojo ilang lho..” Hehe masku apikan kok ancene.
  5. Koyo duwe pacar. Masku iku wis ngganteng, apik an, arek e gati sisan ambek adik e. Gati iku opo? Gati iku suka memperhatikan. Dadi nek aku lungo nang endi endi, pasti ditakoni, ambek sopo, numpak opo, lan liya-liyane. Sampe saiki, masio masku wis nikah. Nek aku lungo nang luar kota, pasti ditakoni “Lungo nandi dek? ambek sopo? numpak opo?” Nek numpak pesawat pasti ono pertanyaan tambahan, “Numpak pesawat opo? Wing opo boing? Terbang jam piro? Delay ta gak? Saiki wis nang pesawat opo durung?, hehe nek iso paling jenenge pilote yo ditakoni.
  6. Masku iku wonge sabar. Jenenge ae mas, aku adek. Dadi nek ono opo-opo masku ngalah, nek aku takon opo-opo, mesti dijawab (masio akeh g ngertine se, hehe).
Yo iku rek senenge duwe mas lanang koyo masku. Asline jek akeh liyane, tapi nek ta kabehno, yo sampe mene gak mari postingan iki. Yo wis suwun yo rek wis mampir nang blogku.

Nek awakmu duwe mas lanang opo mbak wedok?

From: Lounge

Tagged: , , ,

1 comment:

Monggo berkomentar, ditunggu lho.. ^_^